Januari 2009

'26 Januari 2009'-Grahana srengéngé cincin katon kaping 26 Januari 2009 ing Samodra Hindhia pérangan kidul, ujung kidul Pulo Sumatra (Lampung), Selat Sundha, Pulo Bangka pérangan kidul, Pulo Belitung, lan Kalimantan, Jawa Kulon bebarengan karo Taun Anyar Imlek.(sumber)

20-Barack Obama dilantik minangka Présidhèn Amérika Sarékat kaping 44. (sumber)

19-Hamas mèlu nyatakaké gencatan senjata sawisé Israèl mbiwara bakal narik wadyabalaé saka Lurung Gaza sajeroning seminggu. (sumber)

18-Kobongan gedhé ing dépo pangisèn BBM duwèké Pertamina ing Plumpang, Jakarta Lor. (sumber)

17-Israèl kanthi sepihak mratélakaké gencatan senjata sajeroning konflik Israèl-Hamas. (sumber)

17-Qatar lan Mauritania mèlu medhot gayutan karo Israèl minangka protès ngenani serangan militèr Israèl ing Lurung Gaza. (sumber)

16-FIA mbatalaké A1GP Indonésia sing sadurungé bakal dianakaké tanggal 6-8 Fèbruari 2009 ing Lippo Village, Tangerang, amarga penyelenggara ora bisa nepati wates wektu kanggo ngrampungaké sirkit. (sumber)

'15 Januari 2009'-Harifin A. Tumpa kapilih dadi Ketua Mahkamah Agung Républik Indonésia. (sumber)

15-Montor mabur US Airways pamaburan 1549 tiba ing Kali Hudson sawisé lepas landhas saka Papan Anggegana LaGuardia ing New York City amarga motoré kalebonan manuk. (sumber)

Bendéra Israèl

14-Bolivia lan Venezuela medhot gayutan diplomatik karo Israèl minangka protès ngenani serangan militèr Israèl ing Jalur Gaza. (sumber)

14-Sawisé mudhunaké rega BBM, Pamaréntah Indonésia uga mudhunaké tarip sepur kelas ékonomi kanggo jurusan menengah lan adoh gedhéné 8 persèn, wiwit tanggal 15 Januari 2009. (sumber)

12-Cristiano Ronaldo dinobataké minangka Pemain Paling Apik Donya FIFA 2008, ngalahaké Lionel Messi lan Fernando Torres. (sumber)

12-Pamaréntah Indonésia mudhunaké rega BBM jinis premium lan solar dadi Rp4.500,00 per liter, sarta tarif dhasar listrik kanggo indhustri gedhéné rata-rata 8 persèn, wiwit 15 Januari 2009. (sumber)

11-Kapal Motor Teratai Prima 0 sing nggawa 250 penumpang lan 17 awak kapal kèrem ing Tanjung Baturoro, Sendana, Majene, Sulawesi Kulon, nalika lelayaran saka Parepare, Sulawesi Kidul, tumuju Samarinda, Kalimantan Wétan. 18 kurban kasil dislametaké lan nasib 249 wong liyané durung kinawruhan. (sumber)

10-Badan Pengawas Obat lan Panganan (BPOM) nemu welasan produk panganan jajanan tanpa idin ing kawasan niaga Sudirman, Jakarta Kidul, DKI Jakarta; salah sajiné ngandhut melamin. (sumber)

8-Rokèt-rokèt saka Libanon sing ditémbakaké menyang Israèl bisa mbukak front kapindho. (sumber)

7-Massa ing Surabaya nyègel sinagoga Yahudi ing kutha iku lan ngobong bendéra Israèl ing palataran ngarepe. (sumber)

4-Èwon prajurit dharat Israèl dijurung barisan tank lan hèlikopter tempur nglancaraké serangan dharat ing Gaza, Setu wengi. (sumber)

4-Amérika Sarékat mblokir seruan Dewan Keamanan PBB supaya gencatan senjata rikat ditindakaké ing Lurung Gaza lan Israèl kidul kanthi alesan ora ana kamungkinan Hamas bakal nuruti seruan Dewan minggu kapungkur supaya rikat mungkasi kakerasan. (sumber)

4-Gazprom, raseksa ènergi Ruslan, nyeru marang Ukraina supaya rundingan manèh bab pasulayan sing wis njalari Moskwa mutus pasokan gas menyang nagara iku, sinambi ndakwa Ukraina wis nyedhot pasokan sing dikarepaké kanggo Éropa. (sumber)

4-Luwih saka 50 wong ilang nalika sawijining kapal sing kabotan panumpang kèrem ing Kali Saptakoshi, watara 400 km saka Katmandu, Nepal. (sumber)

4-Pasukan Sri Lanka tansaya nyedhak menyang Mullaittivu, dhistrik alas ing pasisir wétan-lor nagara iku sing dadi fasilitas utama militèr Macan Tamil. (sumber)

4-Lindhu kakuwatan 7,2 padha Skala Richter, Ngaat ésuk, ngguncang wewengkon Samlauki, Maluku, lan Manokwari, Papua Kulon.(sumber)

4-Brooke Anderson, juru wicara Présidhèn Amérika Sarékat kapilih, mratélakaké, Barack Obama nulak mènèhi tanggapan tumrap serangan dharat Israèl menyang Lurung Gaza.(sumber)

2-Lindhu tektonik kanthi kakuwatan 5,4 Skala Richter ngguncang Bengkulu jam 01.37.24 WIB. Katrangan BMG saenggon nyebutaké, lindhu kadadéan ing titik koordinat 4,45 LS lan 101,13 BT, ing Kabupatèn Bengkulu Lor.(sumber)


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne